Raden Adjeng Kartini
![]() |
http://id.wikipedia.org/wiki/Kartini |
Raden
Adjeng Kartini minangka satunggaling pahlawan wanita Republik Indonesia. Nama Kartini menika dipun-pendhet saking tembung karti
ingkang tegesipun "sae", "trepti" utawi "mukti".
Tembung menika asalipun saking basa Sansekerta "kṛta" ingkang tegesipun "suci" utawi "dinamel". RA Kartini
menika asalipun saking Jawi, lair wonten ing Jepara, 21 April 1879 utawi 28
Rabiul Akhir taun Jawi 1806 lan seda nalika tanggal 17 September 1904 wonten
ing yuswa 25 taun. Piyambakipun minangka putri saking Bupati Jepara, Raden Mas Sosroningrat saking garwa ampil anami
Ngasirah.
Pahlawan emansipasi wanita menika lare ingkang nomer ngangsal saking sewelas bersaudara kandung lan tiri. Nalika awit jaman penjajahan wonten adat ingkang turun temurun ingkang ngrugekake tiyang estri. Tiyang estri mboten boten kepareng gadhah hak ingkang sami kados dene priya mliginipun bab pendidikan. Menawi sampun ngancik yuswa remaja lan dipunanggep pantes krama, tiyang estri menika lajeng dipunpingit mboten pareng medal saking griya supados saged dipunwulang katrampilan-katrampilan bab palakrama saengga saged dados garwa ingkang sae.
Pahlawan emansipasi wanita menika lare ingkang nomer ngangsal saking sewelas bersaudara kandung lan tiri. Nalika awit jaman penjajahan wonten adat ingkang turun temurun ingkang ngrugekake tiyang estri. Tiyang estri mboten boten kepareng gadhah hak ingkang sami kados dene priya mliginipun bab pendidikan. Menawi sampun ngancik yuswa remaja lan dipunanggep pantes krama, tiyang estri menika lajeng dipunpingit mboten pareng medal saking griya supados saged dipunwulang katrampilan-katrampilan bab palakrama saengga saged dados garwa ingkang sae.
Senadyan satunggaling
tiyang estri, Kartini dipunparengaken sekolah kaliyan tiyang sepuhipun. Piyambakipun
mlebet satunggaling sekolah Walandi minangka satunggal-tunggalipun sekolah ing
Jepara. Rikala yuswanipun 12 taun, piyambakipun kedah mandheg sekolah amargi
dipunpingit.
Sanajan dipunpingit Kartini mboten putus asa, piyambakipun ngginakaken
kesagedanaipun Basa Walanda. Lajeng wonten griya piyambakipun miwiti sinau
piyambak saha kathah nulis serat kaliyan kancanipun ingkang saking Walandi inggih
punika Rosa Abendanon.
Saking buku-buku saha kalawarti Eropa, Kartini tertarik kaliyan kemajenganipun
pola pikir wanita Eropa. Lajeng tuwuh pepinginan kangge majengaken wanita
pribumi, amargi ningali kasunyatan wanita pribumi menika wonten ing status sosial
ingkang asor. Sasampunipun
Kartini seda, Surat-surat menika lajeng dipundamel buku kaliyan abendanon ingkang
Irah-irhanipun Door Duisternis
tot Licht “Habis Gelap Terbitlah Terang” (versi
Indonesia). Nalika tanggal 8 November 1903 R.A.Kartini
dipunkramakake kaliyan Raden Adipati Jayadiningrat. RA Kartini dipunanugerahi putra setunggal lan
ugi ingkang pungkasan lair tanggal 13 September 1904 ingkang naminipun Soesalit Djojoadhiningrat. Sinaosa sampun krama, perjuanganipun
Kartini mboten mandheg malah sansaya adreng anggenipun ngangkat drajadipun kaum
wanita. Gegayuhanipun dipunsengkuyung dening garwane.
Amargi kagigihanipun
Kartini, saged dipunadegaken sekolah kangge tiyang estri ingkang kepengin ngudi
ilmu. Satunggaling Sekolah Wanita dening Yayasan Kartini ing Semarang, wonten ing taun 1912, lan salajengipun
wonten ing Surabaya, Yogyakarta, Malang, Madiun, Cirebon lan kutha sanesipun. Nami sekolah kasebut inggih
punika "Sekolah Kartini". Yayasan Kartini
punika dipunadegaken dening kulawarga Van Deventer, satunggiling tokoh Politik Etis. Sanajan sampun seda ateges mboten dados purnaning
perjuangan emansipasi wanita. Perjuangan emansipasi wanita terus dipuntindakake saengga dinten samangke wanita gadhah hak padha kaya hake priya. Wanita bisa
sekolah, saha ngudi ilmu ing pawiyatan luhur saha makarya jumbuh kaliyan
kekarepanipun. Kangge ngurmati jasa-jasanipun Kartini, Presiden Soekarno ngedalaken Kaputusan Presiden Republik
Indonesia No.108 Taun 1964, tanggal 2 Mei 1964, ingkang netepaken
Kartini minangka Pahlawan Kamardikan Nasional saha netepaken dinten lairipun Kartini, tanggal 21 April supados dipunpengeti saben taun minangka
pahargyan Dinten Kartini.(-Leni Tri Yulianingsih-)
Geguritan minangka awujud pakurmatan Raden Adjeng Kartini
Suryaning
Wanodya
Anggitanipun
: Leni Tri Yulianingsih
Ora bisa lali ana ing kabeh wanita Indonesia
Dek mbiyen dikekang ana ing jaman saiki bebas
nggayuh impenan
Dek mbiyen buta aksara saiki padha bisa maca
Dek mbiyen kabuang saiki bisa mardika
Kabeh
duka kang dadi rantening ati saiki wis sirna
Kabeh
kunjara kang dadi rantening awak saiki wis ambyar
Wanita
saiki wis setara, duwe hak kang padha
Kawujud
amarga jasane suryaning wanodya, Kartini
Sakanajan sampun gugur tinampa bumi
Ananging jasa lan pangurbananmu taksih
dikurmati
Semangatmu taksih tumancep ana ing manahing
wanita Indonesia
Kanthi nuwuhake kartini-kartini modern
Raden Adjeng kartini
Pangilone wanita kang
sejati
Ayu ing rupa lan budi
pakarti
Kasiling perjuangane ora
bakal mati
Semoga semangat Katini menjadi semangat Muhageta untk berjuang ke arah perbaikan yang lebih baik lagi
Posting Komentar